19/11/09

New Entri

Blog sing gek tak gawe iki tak kususke go bocah-bocah dukun sing do seneng on-line ning internet. Sing asli yo ra penting-penting banget, wong aku legawe yo gor iseng. Nek Grup neng Facebook lak wis okeh kyoto; DFC, Angkringan 3 ceret, sing mesti yo ono Visit Dukun Village. Aku gor pengen tampil bedho ae kro liane, yo gawe iki ' Blog '. Sing mesti enko nek aku sempet tak update ke berita-berita sing anyar ning deso sing mestine awake dewe tresnani iki. Dukun. Lewat Blog iki aku yo sekalian meng ngenei pesen go bocah-bocah sing podo ngrato men ojo lali karo deso Dukun, sing mesti yo men ngerti berita sing ono neng deso dukun iki. O iyo mumpung kelingan aku tak sekalian ngomong, ayo podo urepne meneh Rondo ne wong saiki gek jamane rawan. Ngendi-ngendi gek do okeh sing kemalingan. Ojo nganti desone dewo ono salah sawijine keluargo sing kemalingan. Karo ngati-ati ngibadah sing sregep ojo nganti katot bisikane setan. Sak liane uwong sing ora tanggung jawab yo saiki setan barang okeh sing melu-melu nyolong, buktine lakyo okeh sing kemalingan, mboh kuwi Tuyul, po babi ngepet aku kurang paham. Tapi sing mesti awake dewe kudu sing waspodo karo kuwi kabeh. fns

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Chink-Chonk | Masuk Editor Blogspot